30 Panjenengane nuli disarekake ana ing wewengkone tanah-pusakane ing Timnat-Serah, kang ana ing pagunungan Efraim, ing salore gunung Gaas.
Benaya, wong Piraton; Hidai saka ing lebak-lebak Gaas;
Manut dhawuhe Sang Yehuwah Senapati Yusak diaturi kutha kang dikarsakake, yaiku: Timnat-Serah ing pagunungan Efraim; kutha iku nuli dibangun lan didalemi.
Sawuse lelakon iku mau, Senapati Yusak bin Nun abdine Sang Yehuwah banjur seda, yuswane satus sepuluh taun.
Ing pagunungan Efraim ana sawijining wong, jenenge Mikha.
Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.
banjur disarekake ana ing tanah pusakane Timnat-Heres, ing pagunungan Efraim, salore gunung Gaas.