Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:27 - Kitab Sutji

27 Senapati Yusak nuli ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Lah watu iki minangka seksi tumrap kita, amarga wus krungu sakehing pangandikane Sang Yehuwah kang wus kadhawuhake marang kita. Mulane watu iki bakal dadi seksi tumrap ing kowe, supaya kowe aja nganti padha nyelaki marang Gusti Allahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:27
23 Iomraidhean Croise  

Amarga cilaka kang saka ing Allah ndadekake wediku, tuwin aku tanpa daya ana ing ngarsaning kaluhurane.


iku uga dadi duraka kang pantes diukum dening hakim, amarga aku nyelaku Gusti Allah kang ana ing ngaluhur.


Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah, sarta mundur nilar Gusti Allah kawula, kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng, sami ngandhut cidra ing salebeting manah saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.


Marga watu-watu padha sambat saka ing tembok, sarta balok nyauri saka ing balunganing omah.


nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”


Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”


Paring wangsulane: “Aku pitutur ing kowe: Manawa wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nguwuh-uwuh.”


Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,


Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.


Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”


“Kitab Toret iki tampanana lan selehna sandhing pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya anane ing kono iku dadia paseksi tumrap kowe.


“Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan, lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Bani Ruben lan bani Gad banjur padha njenengake misbyah mau: Seksi, marga iku dadi seksi ana ing antara kita, yen Sang Yehuwah iku Gusti Allah.


Senapati Yusak tumuli nglilani wong akeh padha mulih menyang ing tanah-pusakane dhewe-dhewe.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira. Sira wus Sunwengani lawang kang ora bisa kainebake dening wong. Ingsun mirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan