Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.
Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.
Wong Yehuda padha bungah kabeh marga saka anane sumpah iku, awit anggone padha sumpah bakal setya kalawan gumolonging ati sarta arep ngupaya Pangeran Yehuwah kanthi kekarepan kang gumolong, Pangeran Yehuwah rena disowani wong-wong mau lan banjur maringi katentreman kang warata.
Lah saiki ingsun kagungan karsa arep nganakake prajanjian karo Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, supaya bebendune kang mulad-mulad iku sumingkir saka kita.
Adhedhasar iki mau kabeh, aku banjur padha nganakake prajanjian kang kenceng, kang padha daktulis, sarta kaecapan dening para panggedheku, para wong Lewi lan para imamku.
Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,
Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”
Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.
Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.
Senapati Yusak banjur nyerati sakehing pangandika iku mau ana ing kitab angger-anggere Gusti Allah, banjur mundhut watu gedhe siji diadegake ana ing papan kono ana ing sangisore wit-witan kang gedhe, ing sacedhaking pasucene Sang Yehuwah.