Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:24 - Kitab Sutji

24 Atur wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Kula sami badhe ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita saha ngestokaken dhawuhipun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:24
6 Iomraidhean Croise  

Padha sumpah bakal setya marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kambi surak-surak sarta karo ngunekake nafiri lan kalasangka.


Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”


Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”


Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”


Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan