23 “Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”
Pangeran Yehuwah Allah kita, muga karsaa nunggil kalawan kita, kayadene wus nunggil kalawan leluhur kita, muga Panjenengane aja nganti nilar kita lan aja nganti negakake kita,
nanging ati kita muga kagendenga marang ing Panjenengane, supaya laku kita metu ing sakehing dalan kang wus katedahake lan supaya kita lestari nindakake sakehe dhawuhe tuwin katetepane sarta pranatane kang kadhawuhake marang leluhur kita.
Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon, supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka, sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon, sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca.
Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.
Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.