Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:21 - Kitab Sutji

21 Nanging ature wong-wong marang Senapati Yusak: “Boten, kula namung badhe sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:21
9 Iomraidhean Croise  

Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”


sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”


Nabi Musa bareng wus wangsul nuli mratelakake marang bangsa iku sakehing pangandikane Sang Yehuwah lan sakehing pranatane; bangsa iku kabeh tumuli mangsuli saur-manuk, ature: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.”


Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”


Kang siji bakal celathu: Aku iki kagungane Sang Yehuwah, sijine bakal nyebut awake dhewe klawan jenenge Yakub, lan sijine maneh bakal nulis ing tangane: Kagungane Pangeran Yehuwah, sarta bakal nyebut awake dhewe nganggo jenenge Israel.”


Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane.


Menawa kowe padha nyingkur marang Sang Yehuwah lan ngabekti marang allah liyane, Panjenengane bakal nilar kowe lan banjur nandukake kang ora becik marang kowe lan numpes marang kowe, sawuse nyaeni marang kowe ing maune.”


Senapati Yusak banjur ngandika marang wong-wong iku: “Kowe padha dadi seksi ing ngatase awakmu dhewe, yen kowe wus padha milih Pangeran Yehuwah lan bakal padha ngabekti marang Panjenengane.” Atur wangsulane wong-wong mau: “Inggih kula sami dados seksi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan