Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:2 - Kitab Sutji

2 Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: “Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:2
16 Iomraidhean Croise  

Serug nalika umur telung puluh taun, duwe anak Nahor.


Nahor nalika umur sanga likur taun, duwe anak Terah.


Terah nalika umur pitung puluh taun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.


Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak Abram, Nahor lan Haran, sarta Haran anak-anak Lut.


Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhuse, Rakhel banjur nyolong terafim duweke bapakne.


Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”


Nanging soksintena ingkang kanggenan dewa panjenengan, punika sampun ngantos dipun gesangi. Sumangga panjenengan titi-priksa sadaya barang kula, dipun seksenana sanak kadang kita punika, kagungan panjenengan ingkang wonten kula, kula aturi mundhut!” Amarga Yakub ora weruh yen kang nyolong terafim iku Rakhel.


Allahe Rama Abraham lan Allahe Rama Nahor lan Allahe kang rama, muga karsaa jumeneng dadi hakim ana ing antara kita.” Yakub banjur sumpah demi Kang Dieringi kang rama Iskak.


Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.


Abram, yaiku Rama Abraham.


Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh; nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh.


Lan tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Yerusalem: Asalira lan kalairanira iku saka ing tanah Kanaan; bapakira iku wong Amori lan ibunira wong Heti.


tedhake Yakub, tedhake Iskak, tedhake Rama Abraham, tedhake Terah, tedhake Nahor,


Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan