Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:19 - Kitab Sutji

19 Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:19
30 Iomraidhean Croise  

Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.


Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika. Panjenenganipun punika suci!


Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane, Panjenengane iku suci!


Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci, awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.


Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.


kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”


Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken saha anggenipun tiyang kaesoraken – tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane, aku aja padha kokridhu kalawan Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.”


Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarana mratobat lan sumarah sira bakal padha kaparingan slamet; kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.” Nanging sira padha ora gelem,


Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane, lan Gusti Allah Kang Mahasuci bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira, mulane sira kudu padha nucekna awakira lan sira kudu padha suci, marga Ingsun iki suci, sarta sira aja nganti padha ndadekake najisira marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngirid sira mentas saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; sira padha dadia suci, marga Ingsun iki suci.


“Sira ndhawuhana marang sapepake pasamuwane wong Israel lan tutura: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allhira iku suci.


Sira padha dadia suci suamos marang Ingsun, awitdene Ingsun Yehuwah iku suci, lan sira wus padha Sunpisahake saka para bangsa, supaya dadia kagunganingSun.


Mulane sira kudu padha nucekake awakira, supaya padha dadi suci, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.


Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?


“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.


Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”


“Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”


Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”


Mulane Ingsun wus supaos marang kulawargane Eli yen dosane kulawargane ora bisa diruwat sarana kurban sembelehan utawa kurban dhaharan nganti ing salawas-lawase.”


Lan wong ing Bet-Semes padha ngucap: “Sapa ta kang betah adu arep karo Sang Yehuwah, Gusti Allah kang suci iku? Menyang ngendi bakal tindake sawise nilar kita iki?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan