Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:17 - Kitab Sutji

17 Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:17
14 Iomraidhean Croise  

Nanging aku kabeh iki, Pangeran Yehuwah kang jumeneng dadi Gusti Allahku, lan iku ora padha daksingkur. Sarta para tedhake Imam Harun kang leladi marang Pangeran Yehuwah minangka imam, dene para wong Lewi padha nindakake kawajibane,


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.


Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.


Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,


Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate, Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.


yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.


Ing kono wong-wong padha mangsuli, ature: “Tebiha saking kula yen kula sami nilara dhumateng Pangeran Yehuwah, lajeng ngabekti dhateng allah sanesipun!


Sang Yehuwah ingkang sampun nundhungi sakathahipun bangsa saha tiyang Amori, ingkang manggen ing nagari ngriki saking ngajengan kula. Kula inggih sami badhe ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, amargi inggih Panjenenganipun punika Gusti Allah kita.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan