Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:15 - Kitab Sutji

15 Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:15
22 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!


Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.


sarta wong Yebusi, wong Amori, wong Girgasi,


Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula.


Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi, badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.


Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.


Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.


He, sira para turune Israel, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, – wong siji-sijine cikben lunga sujud marang para brahalane. Nanging sawuse iku sira bakal padha ngrungokake marang Ingsun lan mareni anggonira najisake kasucening asmaningSun kalawan sesajen-sesajenira lan para brahalanira.


nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”


Sawuse mangkono wong-wong banjur padha njupuka watu liyane kaetrapna ing tilas panggonan watu lawas, lan njupuka labur kagawe nglepa omahe.


Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumaku klawan nganggep allahe dhewe-dhewe, nanging kita bakal lumebu klawan nganggep asmane Pangeran Yehuwah Allah kita, nganti salawas-lawase lan ing sateruse.


Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,


iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,


Kang iku ing antaramu aja nganti ana wong lanang utawa wadon, kulawarga lan taler kang ing dina iki atine mungkur ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta marani lan ngabekti marang allahe bangsa-bangsa mau; ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulake racun utawa butrawali.


Ing kono wong-wong padha mangsuli, ature: “Tebiha saking kula yen kula sami nilara dhumateng Pangeran Yehuwah, lajeng ngabekti dhateng allah sanesipun!


Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan