Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:14 - Kitab Sutji

14 Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:14
34 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!


“Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.


ingkang sampun Paduka dhawuhaken lumantar para abdi Paduka, para nabi punika, kanthi pangandika: Tanah kang sira parani lan bakal sira darbeki iku tanah kang najis, marga saka kanajisane para kang manggon ing tanah iku, iya marga saka anggone padha tumindak rusuh nistha kanthi kanisthane ana ing saindenging nagara wiwit ing poncot tekan ing poncot.


Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.


nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”


Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.


Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.


manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka, supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.


Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.


Ing tengahira aja ana allah liyane, sira aja sujud marang allah ngamanca.


DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.


Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel.


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.


Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.


Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;


Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.


satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,


Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: “Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.


“Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”


janji kowe wedi-asih marang Sang Yehuwah ngabekti marang Panjenengane, ngrungokake pangandikane, sarta ora mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, lan kowe padha ngetutwuri Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe apadene ratu kang bakal ngereh kowe.


Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan