Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:12 - Kitab Sutji

12 Ingsun banjur ngeculake laler cathak ana ing ngarepira, kang marakake wong padha keplayu saka ing ngarepira, padha kaya ratune wong Amori loro, ora srana pedhangira lan ora srana panahira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:12
13 Iomraidhean Croise  

Sihon, ratune bangsa Amori, Og, ratu ing nagara Basyan, lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,


Paduka sampun nyawisi papan, wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;


Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir, para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.


Karodene Ingsun bakal ngeculake tawon ndhingini sira, iku bakal nundhungi wong Hewi, wong Kanaan lan wong Het saka ing ngarepira.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


Kaya mangkono iku wong Israel banjur padha ngenggoni nagarane bangsa Amori.


Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.


Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.


ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;


tanahe banjur diejegi, mangkono uga nagarane Prabu Og, ratu ing Basan, karo-karone ratune wong Amori ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan.


Karomaneh Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nekakake tawon nempuh marang bangsa iku, nganti kabeh padha tumpes kang isih kari, sarta kang ndhelik.


amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan