Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 24:10 - Kitab Sutji

10 Nanging Ingsun ora karsa nyembadani marang Bileam mau, temah sira malah padha diberkahi. Kaya mangkono anggoningSun ngluwari sira saka ing tangane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 24:10
10 Iomraidhean Croise  

Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”


Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Sira melua wong iku, nanging kang sira ucapake ngamungna apa kang bakal Sunpangandikakake marang sira.” Sawuse mangkono Bileam banjur melu panggedhe abdine Balak mau.


Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.


Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan