YUSAK 23:8 - Kitab Sutji8 Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki. Faic an caibideil |
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”