YUSAK 23:7 - Kitab Sutji7 Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi. Faic an caibideil |
Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”
Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.