Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 23:3 - Kitab Sutji

3 lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 23:3
13 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.


Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.


Mripatira bakal nyipati, lan sira dhewe bakal padha ngucap mangkene: “Pangeran Yehuwah iku mahaluhur nganti tekan ing sajabaning tlatah Israel.”


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.


Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.


Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,


Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan