Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 23:2 - Kitab Sutji

2 Senapati Yusak banjur nimbali wong Israel kabeh, para tuwa-tuwane, para panggedhene, para hakime lan para tetindhihing wadyabala; iku kabeh padha dipangandikani mangkene: “Aku iki wus tuwa, wus akeh umurku,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 23:2
11 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Prabu Dawud wus sepuh, wus akeh yuswane lan sanadyan disingebi, ewadene sarirane tetep kraos asrep.


Nalika samana Sang Prabu Suleman ndhawuhake pisowane para pinituwaning Israel lan sakehe kepalaning suku, yaiku para panggedhene kulawangsane wong Israel, kadhawuhan padha nglumpuk ing ngarsane ana ing Yerusalem prelu ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.


Para panggedhening Israel lan uga para imam sarta para wong Lewi padha diklempakake.


Kang dadi lelurahing kebon-kebon anggur yaiku Sang Simei, wong ing Rama. Kang nglurahi pametuning pakebonan anggur kanggo pasadhiyan anggur yaiku Sang Zabdi, wong ing Syifmi.


Kacarita Sang Prabu dawud nglempakake sakehing panggedhe Israel, yaiku para tetindhihing suku, para panggedhening golongan kang ngladeni Sang Prabu, para panggedhening wadya-bala sewu lan panggedhening wadya-bala satus, sarta para kang padha nglurahi raja-brana lan raja-kayane Sang Prabu lan para putrane; karodene para punggawa kraton lan para prawira tuwin sakehe gegedhug kang gagah prakosa.


Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.


Bareng Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane, banjur dipangandikani Sang Yehuwah: “Sira wus tuwa, wus akeh umurira, sarta nagara kang durung sira ebeki iku isih akeh banget.


lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.


Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.


Dene saiki ratu iku kang dadi pemimpinmu; lan aku iki wis tuwa lan uwanen, apadene anak-anakku lanang rak ana ing antaramu? Aku mimpin kowe wiwit nonomanku tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan