Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 23:16 - Kitab Sutji

16 menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 23:16
16 Iomraidhean Croise  

Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.


Nanging manawa sira lan anak-anakira padha ngungkurake Ingsun lan ora netepi sakehing dhawuh lan katetepaningSun kang wus Sunparingake marang sira, tuwin banjur padha lunga ngabekti marang allah liyane sarta sujud nyembah marang iku,


wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.


Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,


Awit marga saka dukane Pangeran Yehuwah, bab iku mau tumanduk marang Yerusalem lan Yehuda, yaiku bab anggone padha kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing pangayunane. Kacarita Sang Prabu Zedhekia mbalela marang Sang Nata ing Babil.


Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni, amarga padha nglanggar angger-angger, ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.


Wasana sami mlebet ing tanah punika, ingkang lajeng dipunejegi, nanging sami boten ngestokaken dhateng dhawuh Paduka, boten miturut dhateng Toret Paduka; sami boten nglampahi sadaya ingkang Paduka dhawuhaken, supados dipun lampahi. Milanipun Paduka ndhawahaken sadaya bilai punika.


Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.


Ingsun bakal nandukake marang sira, apa kang dadi rancanganingSun kang arep Suntandukake marang para bangsa iku.”


yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang,


“Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:


awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.


Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.


Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,


Nanging manawa kowe ndlarung nglakoni ala, kowe bakal disirnakake, iya kowe iya ratumu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan