Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 23:15 - Kitab Sutji

15 Nanging padha kaya dene sakehing prakara kang becik kang wus kajanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu iku kabeh wus kelakon, mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nekakake marang kowe sakehing prakara kang ora becik, nganti kowe padha katumpes kasirnakake saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 23:15
18 Iomraidhean Croise  

Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.


“Pinujia Pangeran Yehuwah kang paring papan pangasoan marang umate Israel, ngetrepi apa kang kapangandikakake; sakehe kang becik, kang wus kajanjekake lumantar Nabi Musa, abdine, ora ana siji bae kang ora ditetepi.


Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat, lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman; awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna, lan manungsa bakal mung kari sathithik.


Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.


Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kayadene anggoningSun ndhatengake sakehing kasangsaran kang ngebat-ebati marang bangsa iki, iya kaya mangkono uga anggoningSun ndhatengake kabegjan, kang wus Sunprasetyakake.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”


Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,


awit padha ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.


Wong Israel padha ndlarung anggone nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, mulane banjur diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Filisti lawase patang puluh taun.


Nanging wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala maneh ana ing paningale Sang Yehuwah; tumuli Sang Prabu Eglon, ratu ing Moab diparingi pangwasa dening Sang Yehuwah ngereh wong Israel, amarga bangsa iku padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.


Bebendune Sang Yehuwah temah mulad-mulad marang wong Israel, wong-wong iku banjur dipasrahake marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram-Mesopotamia, tuwin wong Israel nuli padha ngawula marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim mau wolung taun lawase.


Nanging wong Israel padha nglakoni kang ala maneh mungguh ing paningale Sang Yehuwah, mulane diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Midian lawase pitung taun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan