YUSAK 23:14 - Kitab Sutji14 Anadene ing samengko lah aku iki sadhela engkas bakal ngambah ing dalane samubarang kang kena ing rusak. Mulane kowe padha ngrasakna diklawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, yen mungguh sakehing prakara kang becik, kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowe, iku ora ana kang ora dileksanani. Faic an caibideil |
wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh – amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,
Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.