10 Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.
Iki jenenge para prawira abdine Sang Prabu Dawud: Isybaal, wong Hakhmoni, tetindhihe triwira: iku mbabitake tumbake nglawan wong wolung atus, kang mati kejojoh ana ing paprangan.
Padha oleh pambiyantu anggone nglawan wong-wong mau, satemah wong Hagri dalah kabeh kang padha ngrewangi padha kaulungake marang ing tangane, amarga ing sajroning perang iku padha nyuwun tulung marang Gusti Allah. Panyuwune banjur dikabulake, awit padha kumandel marang Panjenengane.
Ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji, sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima, nganti sira kang padha tininggal kaya pal tetengger ing pucaking gunung lan kaya gendera ing dhuwur tetengger.
Wong lima panunggalanira bakal padha mburu wong satus lan wong satus panunggalanira bakal padha mburu wong sepuluh ewu, sarta mungsuhira bakal padha tiwas kabeh dening pedhang ana ing ngarepira.
Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.
iku dikandhanana mangkene: He wong Israel, padha ngrungokna, kowe saiki arep perang nglawan mungsuhmu, atimu aja lembek, aja wedi, iya aja miris lan aja gumeter,
marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.
Sang Yehuwah bakal marengake mungsuhmu kang maju perang nglawan marang kowe, padha kagecak ana ing ngarepmu. Anggone nglurugi kowe bakal padha metu ing dalan siji, nanging anggone keplayu saka ing ngarepmu bakal padha metu ing dalan pitu.
Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku; Sunpirsani bakal kapriye wekasane; awitdene iku bangsa kang keblinger, anak kang padha ora setya-tuhu,
Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewu lan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu, yen oraa wus padha kaedol dening gunung parange lan diulungake dening Sang Yehuwah.
Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.
lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.
Sawuse panjenengane, Sang Samgar bin Anat kang jumeneng, kang banjur niwasake wong Filisti kehe nem atus kalawan ngagem angkusing sapi. Mangkono anggone Sang Samgar uga ngluwari wong Israel.
Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”