Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:9 - Kitab Sutji

9 Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:9
19 Iomraidhean Croise  

sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.


Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.


Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat, Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!


Anadene wong bani Ruben lan wong bani Gad iku raja-kayane akeh, malah luwih dening akeh. Nalika ndeleng tanah Yaezer lan tanah Gilead, tumuli padha mawas yen panggonan kono iku becik banget kanggo ngingu raja-kaya.


Pangandikane Nabi Musa marang wong-wong mau: “Manawa kowe padha arep nglakoni mangkono, padha arep samekta ing perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah,


satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,


Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.


Nabi Musa banjur tindak saka ing tanah warata ing Moab, minggah ing gunung Nebo, pucake pagunungan Pisga ing penere Yerikho, tumuli ditedahi saindenging nagara iku kabeh dening Sang Yehuwah: dhaerah Gilead tutug ing Dhan,


apamaneh tanah Gilead tuwin tlatahe wong Gesur lan wong Maakha sarta sawratane gunung Hermon lan satlatahe tanah Basan kabeh tutug ing Salkha,


kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,


sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.


Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.


Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.


Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden, dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau? Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara, meneng bae ana ing teluk-teluke.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan