Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:8 - Kitab Sutji

8 sarta dipangandikani mangkene: “Padha muliha menyang ing kemahmu klawan nggawa kasugihan akeh lan raja-kaya akeh banget, apadene selaka, mas, tembaga lan wesi, tuwin sandhangan kang luwih dening akeh. Barang rayahan saka mungsuhmu iku edum-edumen karo para sadulurmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:8
12 Iomraidhean Croise  

Lan ing sisih wetan wilayahe nganti tekan ing pinggire pasamunan, kang gumelar wiwit saka ing bengawan Efrat, amarga raja-kayane wus wuwuh akeh ana ing tanah Gilead.


Awit saka iku karajan kang dikuwaosi kasantosakake dening Pangeran Yehuwah. Wong sa-Yehuda kabeh padha nyaosake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat, satemah panjenengane banjur dadi sugih lan diluhurake banget.


Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,


Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.


Tangane tengen nggegem umur dawa, kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.


nuli iku kaparoa, kanggo kang padha nglurug perang, lan kanggo wong saumat kabeh;


Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.


sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.


Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.


Sapa kang gelem ngrungokake tembungmu ing bab prakara iki? Amarga pandumane wong kang padha ngreksa barang-barang iku padha kaya kang nglurug perang, mulane iku bakal diedum warata.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan