Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:6 - Kitab Sutji

6 Senapati Yusak banjur paring berkah marang wong mau sarta padha dililani mulih, tumuli padha mulih menyang kemahe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:6
18 Iomraidhean Croise  

sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.


Rama Yakub tumuli nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon; sawuse iku banjur mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon.


Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon.


Sawuse Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan, bangsa iku banjur diberkahi atas asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.


Tumuli wong sabangsa kabeh lan wong sagolongane Israel kabeh, lananga wadona, siji-sijine padha diedumi roti bunder siji, daging sairis, lan panganan kismis saemplek. Sabubare iku wong sabangsa kabeh padha mulih menyang ing omahe sowang-sowangan.


Nalika Sang Prabu Dawud kondur arep andum slamet marang saisining kraton, Sang Putri Mikhal, putrane Prabu Saul, methukake Sang Prabu karo matur: “Kadospundi dene ratunipun Israel ing dinten punika kok lukar wonten ing ngajengipun para parekan, boten kraos wirang kados dene tiyang rucah?”


Ing dina kang kaping wolu wong akeh mau padha kadhawuhan bubaran. Wong-wong iku nuli padha nyuwunake berkah Sang Prabu, sawuse mangkono banjur padha mulih menyang ing tarube dhewe-dhewe kalawan suka-suka lan bungah-bungah ing bab sakehing prakara kang becik kang katandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, abdine, lan marang wong Israel, umate.


Amarga rakyat – kang akeh saka Efraim, Manasye, Isakhar lan Zebulon – akeh banget kang ora nucekake awake. Ewadene padha mangan Paskah, sanadyan ora cocog karo apa kang katulis. Nanging Sang Prabu Hizkia ndongakake wong-wong mau, unjuke: “Pangeran Yehuwah, ingkang asih-darma, mugi karsaa paring pangapunten dhateng


Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.


Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon


Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,


Senapati Yusak tumuli mberkahi Kaleb bin Yefune sarta diparingi Hebron dadi tanah-pusakane.


Senapati Yusak tumuli nglilani wong akeh padha mulih menyang ing tanah-pusakane dhewe-dhewe.


Nabi Samuel banjur ngandharake marang wong akeh bab wewenange karajan kang nuli katulisan ana ing piagem lan diselehake ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawise iku Nabi Samuel dhawuh marang wong sabangsa kabeh supaya padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.


Sang Prabu Saul milih wong telung ewu saka antarane wong Israel, kang rong ewu ndherek Sang Prabu ana ing Mikhmas lan ana ing pagunungan Betel, dene kang sewu ndherek Pangeran Yonatan ing Gibea-Benyamin, nanging luwihe saka iku padha didhawuhi mulih menyang kemahe dhewe-dhewe.


Imam Eli banjur paring berkah marang Elkana sarta rabine, pangandikane: “Muga-muga Sang Yehuwah maringi turun marang kowe saka wong wadon iki, minangka lirune kang wis kasaosake marang Sang Yehuwah.” Sawuse iku padha bali mulih menyang ing padunungane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan