YUSAK 22:5 - Kitab Sutji5 Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.” Faic an caibideil |
pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”