Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:4 - Kitab Sutji

4 Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:4
16 Iomraidhean Croise  

“Rak Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kang nunggil kalawan sira kabeh lan kang wus paring kaslametan marang sira ana ing ngendi-endi. Lah Panjenengane wus ngulungake para wong kang manggon ing nagara kene marang ing tanganingsun, satemah nagara iki teluk ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan marang umate.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”


Kula sami boten badhe wangsul mantuk dhateng griya kula ngantos dumugi saben tiyang Israel sampun nampeni siti pandumanipun,


Marga tekan saiki kowe durung padha lumebu ing palereman lan tanah pusaka bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang kowe.


sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.


nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.


Jalaran, saupama Hakim Yusak wus nglebokake wong-wong iku marang ing palereman, mesthi sawuse mangkono Gusti Allah ora bakal mangandikakake dina liyane maneh.


nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”


Iku wus padha dikalahake Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, karo wong Israel, lan tanah iku banjur diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang wong Ruben lan wong Gad lan saparone taler Manasye minangka darbeke.


Talere bani Ruben iku wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe, panduman iki:


Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,


Para sadulurmu ora padha koktinggal-tinggal wiwit nalika samana, nganti tumeka ing dina iki; malah kowe wus padha ngemen-ngemenake pamanutmu marang pepakene Sang Yehuwah Allahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan