YUSAK 22:34 - Kitab Sutji34 Bani Ruben lan bani Gad banjur padha njenengake misbyah mau: Seksi, marga iku dadi seksi ana ing antara kita, yen Sang Yehuwah iku Gusti Allah. Faic an caibideil |
“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.
namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.