Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:30 - Kitab Sutji

30 Imam Pinehas lan para panggedhene umat lan para panggedhening kulawangsane wong Israel kang padha ndherek, bareng padha mireng tembung kang diucapake dening bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye, bab iku banjur kaanggep prayoga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:30
11 Iomraidhean Croise  

Esap dadine rumangsa yen wong wadon Kanaan iku ora ndadekake renane Rama Iskak, kang rama.


Sang Prabu karsa nampeni rancangan iku, samono uga wong sapasamuwan kabeh.


Atur kang mangkono iku kagalih prayoga dening Sang Prabu sarta dening para panggedhe, dadine Sang Prabu banjur tumindak laras karo ature Sang Memukan mau.


Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu, nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.


Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”


Sakalangkung tebih saking kula, manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”


Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”


Anadene wangsulan mau iya kaanggep prayoga dening wong Israel, sarta wong Israel tumuli padha memuji marang Gusti Allah, lan wus ora rerasanan maneh bab nglurugi perang lan sumedya ngrusak nagara kang dienggoni dening bani Ruben lan bani Gad.


Dene Gusti Allah wus ngulungake ratune wong Midian, yaiku Oreb lan Zeeb marang ing tanganmu; apa kang wus daktindakake iku apa ta, yen katandhing karo panggawemu iku?” Bareng Sang Gidheon ngandika mangkono, tumuli lilih nepsune wong mau marang panjenengane.


Sang Prabu Akhis banjur nimbali Sang Dawud, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, sira iku wong kang temen lan ingsun nganggep sira becik, yen sira mlebu metu ndherek ingsun ana ing satengahing wadyabala ing paprangan, wiwit sira ndherek marang ingsun nganti tumeka saprene, nanging sira ora disenengi para ratuning kutha-kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan