3 Para sadulurmu ora padha koktinggal-tinggal wiwit nalika samana, nganti tumeka ing dina iki; malah kowe wus padha ngemen-ngemenake pamanutmu marang pepakene Sang Yehuwah Allahmu.
iku padha kadhawuhan mangkene: “Kowe wus padha netepi sakabehing prentahe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang kowe, lan iya wus ngestokake samubarang kang dakprentahake marang kowe.
Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.