Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:29 - Kitab Sutji

29 Sakalangkung tebih saking kula, manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:29
16 Iomraidhean Croise  

Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nanging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”


Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!


Unjuke Nabot marang Sang Prabu Akhab: “Pangeran Yehuwah mugi nebihna kawula saking punika, inggih punika manawi kawula ngantos nyaosaken warisan saking para leluhur kawula dhumateng panjenengan dalem.”


Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, – apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.


Rak Hizkia iku ta kang nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan misbyahe Pangeran Yehuwah iku lan kang tutur marang Yehuda lan Yerusalem: Sira mung kudu sujud lan nyembah ana ing ngarepe misbyah siji lan ngobong kurban ana ing kono?


Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?


Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?


Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.


Pramila kula sami wicanten: Becike aku padha ngadegake misbyah iku kanggo kita. Boten kangge caos kurban obaran tuwin kurban sembelehan,


Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.


Imam Pinehas lan para panggedhene umat lan para panggedhening kulawangsane wong Israel kang padha ndherek, bareng padha mireng tembung kang diucapake dening bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye, bab iku banjur kaanggep prayoga.


Ing kono wong-wong padha mangsuli, ature: “Tebiha saking kula yen kula sami nilara dhumateng Pangeran Yehuwah, lajeng ngabekti dhateng allah sanesipun!


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan