Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:27 - Kitab Sutji

27 namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:27
14 Iomraidhean Croise  

Pangucape Pak Laban: “Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarane aku lan kowe ing dina iki.” Mulane tumpukan iku diarani Galed.


tumpukan watu lan tugu iki dadia seksi, yen aku ora bakal ngliwati tumpukan iki nemoni kowe, lan kowe iya ora bakal ngliwati tumpukan watu lan tugu iki marani aku, kanthi sedya ala.


Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.


Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.


Pramila kula sami wicanten: Becike aku padha ngadegake misbyah iku kanggo kita. Boten kangge caos kurban obaran tuwin kurban sembelehan,


Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.


Bani Ruben lan bani Gad banjur padha njenengake misbyah mau: Seksi, marga iku dadi seksi ana ing antara kita, yen Sang Yehuwah iku Gusti Allah.


Senapati Yusak nuli ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Lah watu iki minangka seksi tumrap kita, amarga wus krungu sakehing pangandikane Sang Yehuwah kang wus kadhawuhake marang kita. Mulane watu iki bakal dadi seksi tumrap ing kowe, supaya kowe aja nganti padha nyelaki marang Gusti Allahmu.”


Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan