YUSAK 22:25 - Kitab Sutji25 Rak bengawan Yarden iku kang wis kapesthi dening Sang Yehuwah dadi wates ing antarane aku karo kowe, he bani Ruben lan bani Gad; kowe padha ora duwe panduman bab ing ngatase Pangeran Yehuwah. Mekaten putra wayah panjenengan wau bokmenawi badhe sami ngampah dhateng anak putu kula anggenipun sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Faic an caibideil |
Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene: “Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud? Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika! Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel! Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!” Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,
Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”
Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?
namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.
Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.