Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:24 - Kitab Sutji

24 Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:24
7 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,


manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.


Rak bengawan Yarden iku kang wis kapesthi dening Sang Yehuwah dadi wates ing antarane aku karo kowe, he bani Ruben lan bani Gad; kowe padha ora duwe panduman bab ing ngatase Pangeran Yehuwah. Mekaten putra wayah panjenengan wau bokmenawi badhe sami ngampah dhateng anak putu kula anggenipun sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.


supaya iku dadia pratandha ana ing satengahmu. Menawa anak-anakmu besuk padha takon: Sela punika tegesipun kados pundi tumrap panjenengan?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan