Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:23 - Kitab Sutji

23 manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:23
10 Iomraidhean Croise  

mung daging kang isih ana nyawane, iya iku getihe, iku aja sira pangan.


Sang Prabu Yoas ora ngengeti marang kasetyane Imam Agung Yoyadha, kang ramane Imam Zakharia, marang panjenengane. Sang Nata nyedani putrane Imam Agung Yoyadha, kang nalika sedane ngandika: “Pangeran Yehuwah muga nguningana lan paring piwales!”


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi bakal kaukum pati! – mangka sira ora ngelingake wong iku lan ora kandha apa-apa marang wong duraka iku kanggo ngelingake supaya mbuwanga lakune kang ala, amrih bisane lestari urip – wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.


Nanging manawa prajurit jaga mau sumurup tekaning pedhang, mangka ora banjur ngunekake slompret, dadine bangsane ora dielingake, satekane pedhang mau, nuli ana wong panunggalane kang disirnakake, sanadyan wong iki mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun bakal mundhut tanggung jawab bab nyawane wong iku marang kang jaga mau.


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: He, wong duraka, sira mesthi mati – sira ora kandha apa-apa kanggo ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, – wong iku mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun mundhut tanggung-jawab bab nyawane marang sira.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


Sapa wong kang ora ngestokake ing pangandikaningSun kang bakal dilairake dening nabi iku demi asmaningSun, iku mesthi Sunpundhut tanggung-jawabe.


Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?


sampun ngantos namanipun Yonatan kabusek saking tedhak-turunipun Dhimas Dawud, ugi manawi Pangeran Yehuwah badhe males ukum dhateng mengsah-mengsahipun Dhimas Dawud.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan