YUSAK 22:21 - Kitab Sutji21 Ing kono wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning taler Manasye padha mangsuli atur marang para panggedhe ing kulawangsane Israel: Faic an caibideil |
“Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;