Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:20 - Kitab Sutji

20 Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:20
11 Iomraidhean Croise  

dadine banjur padha ninggal padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, sarta tumuli padha nyembah marang tugu-tugu brahala lan reca-reca brahala. Marga saka kaluputane iku Yehuda lan Yerusalem katiban ing bebendu.


Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamu lan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu.


Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.


Kabeh iki mau wis kalakon minangka tuladha lan pepeling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kapengin marang piala, kaya kang wus katindakake dening wong-wong mau,


Ing kono wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning taler Manasye padha mangsuli atur marang para panggedhe ing kulawangsane Israel:


Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.


Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.


Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.


Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.


mangkono uga manawa Gusti Allah nyirnakake kutha Sodom lan Gomora kalawan geni minangka pepeling marang wong kang ing tembe bakal padha mblasar,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan