YUSAK 22:18 - Kitab Sutji18 ewadene kowe iku saiki kok padha ngungkurake Sang Yehuwah maneh. Menawa ing dina iki kowe padha mbalela marang Sang Yehuwah, sesuk bakal ana bebendu kang tumempuh marang umat Israel kabeh. Faic an caibideil |
Sang Prabu Yosia nyingkirake sakehe dewaning kanisthan ing dhaerahe wong Israel kabeh sarta dhawuh marang sakehe wong kang ana ing tanah Israel supaya padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Ing sajege sugenge Sang Prabu Yosia, wong-wong ora padha nyimpang saka anggone manut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.
ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”