Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:16 - Kitab Sutji

16 “Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:16
8 Iomraidhean Croise  

Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”


Sarta iku padha sira tuturana: Saben turune Israel utawa panunggalane bangsa liya kang manggon ana ing tengahe, kang nyajekake kurban obaran utawa kurban sembelehan,


Manawa kowe padha nyingkur marang Panjenengane, masthi bakal ditilar luwih suwe ana pasamunan, dadi kowe kang padha njalari rusake bangsa iki kabeh.”


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


Wong Israel, banjur padha krungu pocapaning wong mangkene: “Lah bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye iku padha gawe misbyah madhep marang ing tanah Kanaan, ana ing Gelilot sapinggire kali Yarden sandhinge dhaerahe wong Israel.”


Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:


“Ingsun kaduwung dene njumenengake ratu Saul, amarga wong iku wus nyingkur marang Ingsun lan nglirwakake dhawuhingSun.” Nabi Samuel temah sekel galihe, nyebut marang Sang Yehuwah sawengi muput.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan