Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:15 - Kitab Sutji

15 Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:15
31 Iomraidhean Croise  

Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”


Kaya mangkono anggone wong Israel padha mbalela marang brayate Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.


Wiwit nalika Sang Prabu Amazia nebihi Pangeran Yehuwah, wong padha sekuthon nglawan panjenengane ana ing Yerusalem, mulane Sang Nata nuli ngungsi menyang ing Lakhis. Nanging wong-wong mau banjur padha kongkonan wong ngoyak panjenengane menyang ing Lakhis, sarta banjur disedani ana ing kono.


Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”


sarta nguwuh-uwuh mangkene: “Para tawanan iku aja padha kokgawa mrene, awit kekarepanmu iku ndadekake kita padha kaluputan marang Pangeran Yehuwah sarta muwuhi dosa lan kasalahan kita! Kaluputan kita iku wus gedhe sarta bebendu kang mulad-mulad wus tumempuh marang Israel.”


Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”


Amargi ngalap anak-anakipun estri kangge badanipun piyambak utawi kangge anak-anakipun jaler, temah wiji ingkang suci campur kaliyan para tiyang ing tanah ngriki, malah ingkang sami miwiti nglampahi pandamel ingkang boten setya punika para pangageng saha para ingkang nyepeng pangwaos.”


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.


Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,


Iku dadi kurban dhendha, awit wong iku pancen kaluputan marang Pangeran Yehuwah.”


awit wong Amalek lan wong Kanaan padha ana ing ngarepmu kono, lan kowe bakal padha tiwas dening pedhang; awitdene kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah, dadine Sang Yehuwah iya ora bakal nunggil karo kowe.”


Manawa kowe padha nyingkur marang Panjenengane, masthi bakal ditilar luwih suwe ana pasamunan, dadi kowe kang padha njalari rusake bangsa iki kabeh.”


“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,


Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Yen kita padha kumpul sajroning roh, kowe padha tetunggalan karo aku, kanthi daya kakuwatane Gusti Yesus, Gusti kita,


Nanging manawa atimu mungkur lan ora ngestokake dhawuhe, malah kagendeng nganti sujud lan ngabekti marang allah liyane,


awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


Wong Israel bareng krungu warta mangkono, tumuli padha nglumpuk ana ing Silo, sumedya nglurugi perang.


kanthi para panggedhe sapuluh, saben talere panggedhe siji, saka sakehe talere Israel; siji-sijine dadi panggedhening kulawargane ana ing satengahe kulawangsane Israel.


“Pituture umate Sang Yehuwah kabeh mangkene: Kepriye dene kowe padha nglakoni panggawe kang ora setya marang Gusti Allahe Israel, kowe padha ngungkurake Pangeran Yehuwah yaiku anggonmu padha gawe misbyah kanggo kowe dhewe, dadine ing dina iki padha mbalila marang Sang Yehuwah?


ewadene kowe iku saiki kok padha ngungkurake Sang Yehuwah maneh. Menawa ing dina iki kowe padha mbalela marang Sang Yehuwah, sesuk bakal ana bebendu kang tumempuh marang umat Israel kabeh.


Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan