13 Wong Israel banjur padha kongkonan nemoni bani Ruben, bani Gad tuwin separoning talere Manasye menyang ing tanah Gilead, kang dikongkon Imam Pinehas bin Eleazar
Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”
Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.
Anadene wong bani Ruben lan wong bani Gad iku raja-kayane akeh, malah luwih dening akeh. Nalika ndeleng tanah Yaezer lan tanah Gilead, tumuli padha mawas yen panggonan kono iku becik banget kanggo ngingu raja-kaya.
Para talere Israel tumuli nyebar kongkonan menyang ing saindenging tlatahe taler Benyamin kalawan wineling supaya pratela: “Kadursilan apa kang kelakon ana ing tengah-tengahmu iki?
lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah – unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”