Wong Israel banjur padha kongkonan nemoni bani Ruben, bani Gad tuwin separoning talere Manasye menyang ing tanah Gilead, kang dikongkon Imam Pinehas bin Eleazar
Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:
Imam Pinehas bin Eleazar karo para panggedhe mau banjur padha nilar bani Ruben lan bani Gad ing tanah Gilead, kondur menyang ing tanah Kanaan, manggihi wong Israel klawan ngluntakake pawarta mau.