YUSAK 22:11 - Kitab Sutji11 Wong Israel, banjur padha krungu pocapaning wong mangkene: “Lah bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye iku padha gawe misbyah madhep marang ing tanah Kanaan, ana ing Gelilot sapinggire kali Yarden sandhinge dhaerahe wong Israel.” Faic an caibideil |
kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.
Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.