Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 22:10 - Kitab Sutji

10 Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 22:10
10 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.


Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.


Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.


Wong Israel, banjur padha krungu pocapaning wong mangkene: “Lah bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye iku padha gawe misbyah madhep marang ing tanah Kanaan, ana ing Gelilot sapinggire kali Yarden sandhinge dhaerahe wong Israel.”


Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan