Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 21:8 - Kitab Sutji

8 Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 21:8
11 Iomraidhean Croise  

Simeon lan Lewi iku padha sadulur, gegamane awujud pangroda-peksa.


Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.


Undhi kabuwang ing pangkon, nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah.


Tibane undhi mungkasi pepadon, sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa.


Mulane wong bani Gad lan wong bani Ruben mau banjur padha sowan sarta matur marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar, sarta marang para pemimpine umat:


Anadene anggonira mbage-mbage tanah iku kang banjur dadi tanah pusakanira iku nganggoa kaundhi, miturut golonganira: golongan kang gedhe, iku kapandumana akeh, lan kang cilik iku pandumane iya sathithik, miturut undhiane; pangedume miturut talering para leluhurira.


Kutha-kutha iku dadia duweke minangka papan panggonane, lan lemah pangonan kanggoa kewane lan sakehe ingon-ingone liyane.


Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.


Wong Israel banjur masrahake kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki dalah pangonane marang wong Lewi, kajupukake saka ing tanah-pusakane manut dhawuhe Sang Yehuwah.


Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, taler Gad, lan taler Zebulon.


Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan