Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 21:7 - Kitab Sutji

7 Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, taler Gad, lan taler Zebulon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 21:7
8 Iomraidhean Croise  

Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan.


Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon.


Amram omah-omah karo Yokhebed, adhine bapakne, iku mbabar Rama Harun lan Nabi Musa. Umure Amram nyandhak satus telung puluh pitu taun.


Iki putrane Rama Merari miturut gotrahe: Makhli lan Musi. Yaiku gotrah-gotrahe para bani Lewi miturut kula-wangsane.


Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.


Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan