42 Siji-sijining kutha ana pangonane ing sakubenge, kuthane kabeh padha kaya mangkono.
Sakehe kuthane wong trahe Lewi ana ing satengahe darbeke wong Israel iku ana kutha patang puluh wolu sapangonane.
Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.