Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 21:39 - Kitab Sutji

39 Hesybon sapangonane, Yaezer sapangonane, kabeh ana kutha papat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 21:39
14 Iomraidhean Croise  

Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.


Hesybon dalah pangonan-pangonane tuwin Yaezer dalah pangonan-pangonane.


Aku bakal nangisi kowe, ngluwihi anggonku nangisi Yaezer he wis anggur Sibma! Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara, nggedhabyah tekan ing Yaezer. Si pengrusak wus ambruk nibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.


Anadene wong bani Ruben lan wong bani Gad iku raja-kayane akeh, malah luwih dening akeh. Nalika ndeleng tanah Yaezer lan tanah Gilead, tumuli padha mawas yen panggonan kono iku becik banget kanggo ngingu raja-kaya.


“Nagari ing Astarot, Dibon, Yaezer, Nimra, Hesybon, Eleale, Sebam, Nebo saha ing Beon,


Atarot-Sofan, Yaeser lan Yogbeha;


Dene bani Ruben padha mbangun kutha Hesybon, Eleale lan Kiryataim,


Hesybon dalah sakehe kutha wewengkone, kang kaprenah ing tanah warata ing pagunungan mau, yaiku: kutha Dibon, Bamot-Baal, Bet-Baal-Meon,


sabanjure sakehe kutha ana ing tanah warata ing pagunungan lan satlatahe karajane Prabu Sihon; ratuning wong Amori, kang ngereh ing Hesybon, kang dikalahake Nabi Musa, uga para ratu ing Midian, yaiku Prabu Ewi, Prabu Rekem, Prabu Zur, Prabu Hur, lan Prabu Reba, para raja kalerehane Prabu Sihon, kang padha dedalem ana ing negara kono.


kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,


Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,


Sakehe kutha iku mau dadi darbeke bani Merari miturut gotrahe, yaiku kekarene gotrahe wong Lewi, pandumaning undhiane kutha rolas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan