Sang Nata ing Israel ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha sumurup, manawa Ramot-Gilead iku satemene kita kang ndarbeni? Nanging kita kok meneng bae ora kita rebut saka ing tangane ratu ing nagara Aram.”
Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;
Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.
kang dadi dhaerahe: wiwit saka ing Mahanaim: satanah Basan kabeh, krajane Prabu Og kabeh, ratu ing nagara Basan, lan wewengkone Hawot-Yair kabeh, kang ana ing Basan kono, cacahe kuthane sawidak,
Apadene ing sabrange bengawan Yarden, ing sawetane kutha Yerikho kang kapilih: Bezer ing ara-ara samun ing tanah warata ing pagunungan, saka taler Ruben; banjur Ramot, ing tanah Gilead, saka taler Gad; sarta Golan ing tanah Basan, saka taler Manasye.