32 Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.
Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.
Ibu Dhebora utusan nimbali Sang Barak bin Abinoam saka ing Kedesy ing wewengkon Naftali, nuli dipangandikani: “Apa kowe ora didhawuhi Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel: Sira lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh ewu panunggalane wong bani Naftali lan wong bani Zebulon.