Sang Prabu Dawud iya banjur tumindhak mengkono, yaiku kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, temah bisa nggepuk bala Filisti, nganti kasoran, wiwit saka ing Geba tutug ing cedhake Gezer.
Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam nuli tindak menyang ing Sikhem, amarga wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem prelu njumenengake ratu panjenengane.
Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.
Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.
Anadene Sang Abimelekh bin Yerubaal, tindak menyang ing Sikhem manggihi para sadhereke ibune lan reraosan karo iku tuwin karo kulawangsane ibune kabeh mangkene: